Langsung ke konten utama

Telaga Warna

Ana salah sawijining penduduk Wonosobo kang paham anane legenda kang bisa dipercaya penduduk ing kutha Dieng, nuturna yen “Dieng asale saka bahasa Jawa yaiku dhi kang artine gunung lan nyang sing artine para dewa-dewi. Dadi Dieng yaiku gunung papan panggonane para dewa-dewi. Saliyane iku uga ana akeh candi peninggalan agama Hindu antarane ana candi Arjuna, candi Srikandi, candi Puntadewa, candi Sembadra, lan candi Semar. Saka hasil penelitian ahli sejarah kelompok candi Arjuna dibangun kira-kira pas pertengahan abad ke-8.


Ora adoh saka kawasan candi Arjuna uga ana telaga warna lan kawah Sikidang. Miturut cerita telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening amarga kena sorot sumunare srengenge yaiku telaga sing digawe pangeran calon mantu kanggo sang ratu. Rikala kuwi ana loro calon pangeran sing arep diangkat dadi mantune. Mula dibuka sayembara kanggo syarat supaya salah sijine bisa oleh sang ratu, syarate yaiku adu cepet nggawe telaga. Salah siji pangeran bakal dadi pemenange. Nanging pas ratu isih mlaku-mlaku, banjur weruh ana telaga sing banyune katon tenang lan bening ana cahayane amarga kesorot srengenge. Ratu sing isih mlaku-mlaku krasa seneng banget lan penasaran sapa sing nggawe banyu telaga kang katon endah kuwi. Banjur ratu nggoleki pangeran sing nggawe telaga kuwi amarga arep didadekake bojone sang ratu. Akhire keputusan perkara sing menang sayembara kuwi dibatalke.
Ratu lan pangeran urip rukun lan tentrem kanthi dianugrahi putri. Wektu kuwi ratu lan anake sing ayu rupane adus ana ing telaga, nanging slendang-slendange pada mabur kena angin lan tiba ing sajroning telaga banjur nglunturi banyu telaga nganti banyune dadi warna-warni. Mula saka kuwi akhire telaga iku diarani “Telaga Warna”. Ana ing lereng bukit sing cepak karo telaga warna ana kawah kang diarani kawah Sikidang.

 
Manut critane kawah Sikidang dipercaya yen kawah kuwi mbiyene ana istana duwekke sang ratu kang ayu rupane. Arane Shinta Dewi. Ing sawijining dina dheweke dilamar marang pangeran sing kabare gagah lan sugih. Nanging nyatane Shinta Dewi kuciwa amarga pangeran kuwi nduweni awak manungsa lan sirahe rupa kijang. Arane Kidang Garungan. Mula ben ora gampang nglamar, Shinta Dewi nduweni siasat lan njaluk syarat. Syarate yaiku njaluk digawekna sumur sing gedhe lan jero banget ing kono. Wektu kuwi sumure wis arep rampung banjur Shinta Dewi karo para pengawale ngurung sumur kuwi. Kidang Garungan wektu kuwi melu kekurung ing sumur banjur akhire melu kekubur ing sajroning sumur kuwi. Kidang Garungan berusaha supaya bisa metu saka sumur kuwi kanthi ngetokake kabeh kesaktiane banjur iku meledhak kanthi panas lan lapisane goyang utawa gogrok. Amarga saking jengkele Kidang Garungan ngutuk yen kabeh keturunan shinta Dewi bakal nduweni rambut gembel. Mula saka iku ing kutha Dieng terkenal karo anane tradisi upacara adat “rambut gimbal”.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sejarah Adipala

       Konon ceritanya bahwa Keraton Surakarta yang dibawah Raja Susuhunan Amangkurat 2 yang wilayah Kerajaannya sampai di daerah kita.Tanah daratan pada waktu itu masih ditumbuhi pohon dan rumput semak belukar sehingga manusia makannya bermacam macam buah buahan dan tanaman ubi ubian apa saja yang bisa dimakan.Maka munculah pemikiran dari sang Raja untuk menanam pohon kelapa yang bisa dimanfaatkan untuk bikin rumah dan buah kelapanya bisa dimanfaatkan untuk santan dan minyak buat campuran masakan,maka memanggil seorang punggawa kerajaan agar memerintahkan rakyatnya sepanjang pantai selatan dari Kraton Surakarta Sampai ke wilayah Kadipaten Adireja. Yang pada waktu itu dibatasi dengan musim tanan yang terbatas ( menjelang musim penghujan ). .      Sang utusan kerajaan dalam rangka pengadaan perintah ke rakyatnya memakan waktu yang terlalu lama sehingga sampainya ke daerah Kadipaten Adireja sudah mepet waktu penghujan. Karena diperkirakan waktu yang mepe...

Asal Usul Kuta Salatiga

Biyen, Semarang iku kalebu wilayahe Kasultanan Demak. Daerah iki dikuasai dening Bupati kang jenenge Ki Ageng Pandanaran. Ki Ageng Pandanaran iku Bupati kang ditaati rakyate. Ki Ageng uga wibawa, lan kaya raya.    Nanging, suwe-suwe hartane Ki Ageng digunakake nggo awake dhewe lan ora medulikna rakyate. Sunan Kalijaga sing nasehati Sultan Demak duwe maksud ngingetaken sang Bupati. Nganggo sandang sing bedah, beliau nyamar dadi tukang adol suket. Beliau nawaraken dagangane meng ki Ageng. Ki Ageng arep tuku suket kuwe, asal didol murah, ning Sunan Kalijaga ra gelem.    Sidane, ki Ageng nesu lan ngusir Sunan Kalijaga. Sakdurunge lunga, Sunan Kalijaga ngendika, bahwa kae isa nunjukaken cara ben ulih harta kang gampang, terus Sunan Kalijaga nyilih pacul lan macul nang ngarepe ki Ageng. Terus kaget ndelengna emas sendas kebo. Ki Ageng terus nggatekaken tukang adol suket kuwe kanthi saksama. Sakwise ngerti sing sebenere ki Ageng kaget. Terus njaluk ngapura, beliau sedia...