Biyen, Semarang iku kalebu wilayahe Kasultanan Demak. Daerah iki dikuasai dening Bupati kang jenenge Ki Ageng Pandanaran. Ki Ageng Pandanaran iku Bupati kang ditaati rakyate. Ki Ageng uga wibawa, lan kaya raya.
Nanging, suwe-suwe hartane Ki Ageng digunakake nggo awake dhewe lan ora medulikna rakyate. Sunan Kalijaga sing nasehati Sultan Demak duwe maksud ngingetaken sang Bupati. Nganggo sandang sing bedah, beliau nyamar dadi tukang adol suket. Beliau nawaraken dagangane meng ki Ageng. Ki Ageng arep tuku suket kuwe, asal didol murah, ning Sunan Kalijaga ra gelem.
Sidane, ki Ageng nesu lan ngusir Sunan Kalijaga. Sakdurunge lunga, Sunan Kalijaga ngendika, bahwa kae isa nunjukaken cara ben ulih harta kang gampang, terus Sunan Kalijaga nyilih pacul lan macul nang ngarepe ki Ageng. Terus kaget ndelengna emas sendas kebo. Ki Ageng terus nggatekaken tukang adol suket kuwe kanthi saksama. Sakwise ngerti sing sebenere ki Ageng kaget. Terus njaluk ngapura, beliau sedia menawa dihukum sebab kesalahane. Sunan Kalijaga nrima ngapurane ki Ageng, Sunan Kalijaga nitip pesan ben ki Ageng mrintah rakyat kang bener.
Sakwise kedadeyan iku, ki Ageng dadi gelisah, terus mutusna nggo nebus kesalahane. Beliau ninggalana jabatane dadi Bupati. Beliau pengin ngetutna Sunan Kalijaga dadi penyiar agama. Terus, meng Gunung Jabalkat. Beliau arep ndirikna pesantren nang kana. Nyai Ageng pengin melu karo Ki Ageng, terus ulih ning ana syarate yaiku ra ulih nggawa harta.
Pas wektune mangkat, Nyai Ageng durung siap lan esih sibuk. Ternyata Nyi Ageng agi ngatur perhiasan sing arep digawa nang jero pring. Ki Ageng terus lunga disitan. Sakwise siap Nyi Ageng nyusul. Pas nang tengah ndalan, Nyai Ageng dicegat 3 wong perampok sing njaluk hartane. Akhire harta sing mau digawa, diwekna perampok.
NAMA : ALI SODIQIN
KELAS: XI MIPA 2
ABSEN: 03
Komentar
Posting Komentar