Aku Aldo, bocah asli Jawa sing uripe wis cukup nggo nyukupi kebutuhan saben dina. Umurku 23 tahun sing seneng dolanan fb utawa ning Jawa buku rai. Umahku nang Cilacap, kota kang lumayan maju ing pesisir kidul Jawa. Bapak lan Ibuku agi nang Jakarta lan Aku dhewekan nang kene. Aku mbene lulus universitas lan pengin nggolet pegawean kang apik lan halal.
Dina siki dina Senin, cuaca kang radha mendung nyambut Aku nang ndalan. Aku kudu cepet-cepet meng tempat kang dituju nggo niliki Aku wis ketrima apa urung. Sedurunge Aku telat mangkat sebab krainan. Setibane getul, Aku langsung mlayu lan ora sengaja nubruk wong wadon.
“Ngapunten mba, mba mboten nopo-nopo”, Omongku gugup. Lan Aku ngrewangi tanting wong wadon mau. Aku mandangi wong wadon mau lan gumam teng ati “putihe wong kiye, kaya bule”. Ora krasa suwe, wong wadon mau dadah-dadah nang ngarep raiku. Aku dadi kaget.
“Mas, mas sae-sae kemawon?”, pitakone wong wadon mau. Terus Aku njawab, “Nggih, kulo sae, mba wonten sing gerah mboten?”, Wong wedon mau ngrapihi klambine lan jawab, “Mbo, mboten kulo sae-sae mawon, Panjenengan teng nopo tho, grasa grusu ngantos mboten emut margi?”. Aku terus jawab, “Niku, badhe ningali papan pengumuman teng mriku”.
“Oh..., nggih kulo disitan, kulo sampun ningali”. Cah wedon mau lunga meng parkiran lan Aku ra sengaja nemu nametag nang mburiku kang jenenge cah wedon yaiku Erina Tohiro. Benda iku arep tak wekna, ning mobile wis lunga dipit. Niatku rep mbalekaken ning ra sida, sebab ra ngerti umaeh. Sidane tak simpen nang sak, lan mlaku meng papan pengumuman kang gede cemantel nang kana. Jebule Aku ketrima nang kene.
Jam papat esuk, Aku nyalakna HP terus mbukak facebook. Ijik-ijik Aku kemutan jenengan Erina Tohiro kang nametag sing ditemukna wingi. Terus tek ketik nang nggon bilah pencarian, ora ketang suwe ana foto profil kang rasane pernah Aku ngerti, terus tek klik. Tak deleng statuse kae ngetik “Tulung, ingkang panggih nametagku tulung wangsulaken, nametagku ical”. Nggo ngilangna penasaran, Aku ngeklik tambahkan konco. Sebab esih esuk, mungkin si Erina rung tangi lan urung sempet bukak facebook. Terus, tak tinggal turu maning.
Saiki, Aku mangkat kerja lewih gasik nggo balekaken nametag. Aku njegong nang kursi taman lan bukak facebook. Aku diterima dadi koncone lan ana pesan sing mlebu kang jenenge Erina, terus tak klik. “Ngapunten, nopo panjenengan ingkang nabrak kulo wingi?, Panjenengan ngertos nametagku mboten?”. Terus Aku ngetik, “Nggih, niki nametage panjenengan teng kulo, dipendet teng kantor nggih, “ Ora suwe kae bales “Nggih kulo bidal seniki”. Pirang menit sapet kae bales kae teka kambi mobil kang wingi dienggo. “Nuwun sewu, nametage kulo teng panjenengan mbok?”, Kambi ngentokna nametag kang sak Aku jawab, “Nggih niki nggonmu”. Terus Aku perkenalan kambi kuwe lan jere si Erina bocah Jepang kang netep ing Indonesia wis 6 tahun. Tapi ya Aku gumun, lancar banget Jawane kaya wong kene bae.
Awan-awan, Aku bukak facebook lan niliki meng profile Erina. Aku macani berandane, lan ana status kang ditandai Dave. Aku dadi pengin ngerti sapa iku Dave pacare apa sapane. Ijik-ijik ana pesan mlebu kang Erina, “Meng taman kota yuhh..., “. Terus Aku ngetik “Iya, siki Aku ngonoh kowe aja telat ya”. Sapet wis perek Aku ngetik, ngomong, lan jawab kambi basa ngapak, yaiku basa ngapak.
Ora ketang suwe Erina teka lan gawa cah lanang kang putih, radha dhuwur kang Aku, lan perawakanne bule ning cenderung Amerika. Aku dikenalna lan jerene Dave iku kakange. Dave iku tiru biyung, sing jere wong negeri Paklik Sam. Mbuh nang wong tuwane ngijinna lunga lunga kang adoh kang wong tuwane. Erina meng Indonesia tepate Jawa lan Dave meng Korea terus wong tuwane nang Amerika. Sebab nang Korea si Dave uga lancar Basa kana yaiku Korea. Dave nang kene jere anu pengin meng umaeh batire nang Purwokerto mangkat engko sore.
Sebab sering bareng kambi Erina, ibarate kaya dulure. Dave uga arep pindah meng ngeneh karo wong Korea kang jenenge Jaein, sebab tertarik meng Indonesia. Aku diundang meng acara makan malam engko bengi. Wengine, Aku teka setitik lewih gasik ternyata panganane wis nang meja lan werna-werna. Jam 7 sedurung makan, Dave ana inisiatif perbedaan pelafalan nang panganan kang ana ing meja.
“Ja-jal pangan’an iki nang ba’sane dhewek-dhewek apa Aku Inggris nek Erina Jepang?”, pitakone Dave senajan esih terbata-bata ngucapke. “Nang Amerika iki cup cake, kaap keik”, Omong Dave. “Nang Korea diucapke cup cake, pada kambi Amerika”, Ujar Jaein. “Nek ing Jepang iku cupu cakee, kape keiki” Omong Erina. “It’s sound so cute” Ujar Dave. “Nang Indonesia diucapke bolu kukus” Omong Aldo. Lan liya-liyane, terus bar nganu perbedaan pelafalan gari madang lan omong-omongan nganti jam 9 wengi terus bali.
CERPEN OLEH :
ALI SODIQIN (03)
XI MIPA 2
SMA NEGERI 1 MAOS
Makasih kaaa cerpennya
BalasHapus