Langsung ke konten utama

Lutung Kasarung

 

 Ing sawijining dina ana Raja sing adil lan bijaksana. Asmanipun Prabu Tapa Agung. Prabu Tapa Agung duweni putri yaiku Purbasari lan Purbararang. Prabu Tapa Agung bingung amerga nganti saiki urung nemokakae pewaris tahta sing nggantekake dheweke. Prabu Tapa Agung ngipi didawuhi ninggalake istana lan ngekekake tahtane marang Putri Purbasari. Prabu : “ Dina iki wis tak tetepne sing bakal dadi pewaris tahta kerajaan iki yaiku Putri Purbasari Purbasari :” Nyuwun pangapunten Prabu,menawi ingkang dados Ratu mboten kakanda Purbararang kemawon?” Indrajaya :” Nyuwun pangpunten Prabu, menapa ingkang dipun ucapaken Purbasari niku bener.” Prabu :” Ora Indrajaya, Purbasari sing luwih pantes.

 Aku percaya menawa Purbasari iso dadi teladan kanggo rakyatku ing kerajaan iki. Purbararang apa kowe ora kaboten yen Purbasari dadi Ratu ana kerajaan iki?” Purbararang :” Mboten Prabu.” Prabu :” Lengser umumna ing pelosok negeri,yen Purbasari sakiki dadi Ratu ing kerajaan iki. Lengser :” sendika dawuh Prabu.” Indrajaya :” Purbararang apa sing kok lakokake saiki?” Purbararang :”Aku golek akal piye carane kanggo cilakake Purbasari supaya ora dadi Ratu ing kerajaan iki.” Indrajaya :” Kowe ora perlu khawatir maneh Purbararang, aku wis nyediakake boreh,supaya Purbasari ala rupane.” Purbararang :” Ide sing apik Indrajaya, aku wis ora gelem digawe sengsara maneh.” Purbararang lan Indrajaya iso nglakokake rencana cengkele kui. Purbasari malih ala rupane. Lan para penghuni kerajaan wis padha ngerti apa sing dialami dening Ratu Purbasari. Purbararang :” Prabu,kula mboten purun menawi Purbasari taksih wonten kerajaan niki,amargi kula khawatir penykakitipun nular wonten penghuni kerajaan. Indrajaya :” inggih Prabu, napa Prabu kersa penduduk kerajaan sengsara. Leres ingkang diaturaken Putri Purbararang . 

Prabu :” Purbasari Prabu ora pengen yen para penduduk sengsara merga ketularan penyakitmu.” Purbasari :” Mboten napa-napa Prabu kula ikhlas ninggalaken kerajaan.” Prabu :” Lengser! Gawanen Purbasari menyang alas.” Lengser :” sendika dawuh Prabu.” Lengser gawa Purbasari menyang als lan bali maneh menyang kerajaan . Lutung :” Tuan Putri, pasuryan panjenengan monggo dipun resikaken ing salaka niku.” Sawetara wektu seteruse…… Purbasari : “wajahku, matur suwun Gusti, matur suwun Lutung. “ Lutung :” Putri Purbasari panjenengansampun sami kalih menika.” Purbasari : “Iya Lutung.” Kedadean ing jero alas iku akhire dirungu dening Putri Purbararang Purbararang : “Aki, kedadean apa sing ana ing alas ?” Aki :” Makaten Putri wono niku sampun dados taman lan wonten jamban salaka ingkan asri banget.” Purbararang : “Lengser…..Lengser mreneo !” Lengser : “Hamba dhateng Gusti Ratu.” Purbararang : “Lengser menyango alas ngomongo ning Purbasari yen arep tak ajak lomba adu keayuan yen aku luwih ayu Purbasari arep dihukum pancung.” Lengser :” Tuan Putri Purbararang nantang putri adu keayuan yen putrid Purbararang menang Putri Purbasari dihukum pancung.” Purbasari : “Yen aku kudu mati enom aku lilo. 

Nanging sing nyebabake aku sedih yaiku saking tegane mbak yu Purbararang deweke pegel buanget ning aku.” Esuke Putri Purbararang lan para warga mlebu menyang alas nyakseake lomba. Para warga setuju yen Putri Purbasari sing paling ayu. Nanging Purbararang tetep ora pengen kalah karo Purbasari. Purbararang : “Purbasari ayo tanding rambut. Sapa rambut e paling dawa kuwi sing menang.” Lengser : “Ingkang menang tetep Putri Purbasari.” Purbararang : “isik ana siji ngkas yaiku adu mbandingne calon garwa. Aku Indrajaya wes pasti menang aku merga Indrajaya gagah lan ngganteng. 

Calon garwa mu sapa?” Indrajaya : “Sapa maneh nek ora Lutung gedhe kuwi.” Purbasari :” Pancen kudune calon garwaku iku Lutung.” Lutung Kasarung malih dadi jaka sing gagah lan ngganteng. Guruminda : “Ratumu saktemene yaiku Purbasari wis ngomong yen aku kudune sing dadi calon garwane. Dadi calon garwane aku kudu nglindungi lan mbantu deweke. Tahtane wis direbut Purbararang.” Akhire Purbararang lan Indrajaya sujud marang Guruminda lan Purbasari. Indrajaya :” Ampuuuunn…….” Purbararang : “Nyuwun pangapura Purbasari adikku.” Purbasari ngedekne Purbararang sing lagi sujud. Purbasari : “Kakanda ora apa-apa yen tetep dadi Ratu nanging supaya dadi pimpinan sing apik.” Purbararang : “Kowe pancen apikan adikku Purbasari. Kudune sing pantes dadi Ratu yaiku kowe.” Indrajaya : “Nyuwun pangapurane Purbasari.” Purbasari : “Wis ora apa-apa.” Lan akhire sakabehe seneng lan tentrem.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sejarah Adipala

       Konon ceritanya bahwa Keraton Surakarta yang dibawah Raja Susuhunan Amangkurat 2 yang wilayah Kerajaannya sampai di daerah kita.Tanah daratan pada waktu itu masih ditumbuhi pohon dan rumput semak belukar sehingga manusia makannya bermacam macam buah buahan dan tanaman ubi ubian apa saja yang bisa dimakan.Maka munculah pemikiran dari sang Raja untuk menanam pohon kelapa yang bisa dimanfaatkan untuk bikin rumah dan buah kelapanya bisa dimanfaatkan untuk santan dan minyak buat campuran masakan,maka memanggil seorang punggawa kerajaan agar memerintahkan rakyatnya sepanjang pantai selatan dari Kraton Surakarta Sampai ke wilayah Kadipaten Adireja. Yang pada waktu itu dibatasi dengan musim tanan yang terbatas ( menjelang musim penghujan ). .      Sang utusan kerajaan dalam rangka pengadaan perintah ke rakyatnya memakan waktu yang terlalu lama sehingga sampainya ke daerah Kadipaten Adireja sudah mepet waktu penghujan. Karena diperkirakan waktu yang mepe...

Asal Usul Kuta Salatiga

Biyen, Semarang iku kalebu wilayahe Kasultanan Demak. Daerah iki dikuasai dening Bupati kang jenenge Ki Ageng Pandanaran. Ki Ageng Pandanaran iku Bupati kang ditaati rakyate. Ki Ageng uga wibawa, lan kaya raya.    Nanging, suwe-suwe hartane Ki Ageng digunakake nggo awake dhewe lan ora medulikna rakyate. Sunan Kalijaga sing nasehati Sultan Demak duwe maksud ngingetaken sang Bupati. Nganggo sandang sing bedah, beliau nyamar dadi tukang adol suket. Beliau nawaraken dagangane meng ki Ageng. Ki Ageng arep tuku suket kuwe, asal didol murah, ning Sunan Kalijaga ra gelem.    Sidane, ki Ageng nesu lan ngusir Sunan Kalijaga. Sakdurunge lunga, Sunan Kalijaga ngendika, bahwa kae isa nunjukaken cara ben ulih harta kang gampang, terus Sunan Kalijaga nyilih pacul lan macul nang ngarepe ki Ageng. Terus kaget ndelengna emas sendas kebo. Ki Ageng terus nggatekaken tukang adol suket kuwe kanthi saksama. Sakwise ngerti sing sebenere ki Ageng kaget. Terus njaluk ngapura, beliau sedia...

Telaga Warna

Ana salah sawijining penduduk Wonosobo kang paham anane legenda kang bisa dipercaya penduduk ing kutha Dieng, nuturna yen “Dieng asale saka bahasa Jawa yaiku dhi kang artine gunung lan nyang sing artine para dewa-dewi. Dadi Dieng yaiku gunung papan panggonane para dewa-dewi. Saliyane iku uga ana akeh candi peninggalan agama Hindu antarane ana candi Arjuna, candi Srikandi, candi Puntadewa, candi Sembadra, lan candi Semar. Saka hasil penelitian ahli sejarah kelompok candi Arjuna dibangun kira-kira pas pertengahan abad ke-8. Ora adoh saka kawasan candi Arjuna uga ana telaga warna lan kawah Sikidang. Miturut cerita telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening amarga kena sorot sumunare srengenge yaiku telaga sing digawe pangeran calon mantu kanggo sang ratu. Rikala kuwi ana loro calon pangeran sing arep diangkat dadi mantune. Mula dibuka sayembara kanggo syarat supaya salah sijine bisa oleh sang ratu, syarate yaiku adu cepet nggawe telaga. Salah siji pangeran bakal dadi pemenange...