Langsung ke konten utama

Sinopsis Spookhuis Gedhong Setan

 

2.      Sinopsis

Nalika malem jemuwah kliwon sing wis ditunggu-tunggu nang Totje kanggo nepati janjine marang kanca-kancane arep mbuktekake menawi deweke ora wedi mlebu marang gedhong setan sing ana nang pasar kembang. Sederenge Totje lunga marang gedhong setan, deweke nyiapake barang bawaan sing arep digawa. Totje latian carane motret nganggo tustel. Nalika lagi motret Totje kaget ibune mlebu kamar karo mesem-mesem merga ana kancane Totje cah wadon ayu. Totje ora nyangka yen Sonia bakal teka marang umahe nang wengi kuwe. Tekane Sonia marang umahe Totje merga deweke ngerti menawi Totje arep lunga marang gedhong setan, lan Sonia arep mbatiri Totje marang gedhong setan. Sonia wis janjian karo Jaan arep ngancani Totje, tapi Totje ora ngerti menawi Jaan lan Sonia arep mbatiri deweke marang gedhong setan. Mergane menurut kanca-kancane gedhong setan terkenak angker tapi kenapa Jaan karo Sonia arep mbatiri deweke. Totje ngira yen Jaan karo Sonia bakal ngrusak rencanane, supaya Totje gagal mbuktekake marang kanca-kancane.

Akhire wong telu mau mangkat marang gedhong setan dianter dokar. Tukang dokare takon marang cah telu mau tujuane marang ngendi, sawise ngerti tujuane marang gedhong setan tukang dokar mau wedi lan ngira wong telu mau udu menungsa. Sawise tekan gedhong setan, tukang dokar mau langsung puter balik cepet-cepet.

Sawise gutul ngarep gedhong setan wong telu mau langsung mbukak gerbang ngarep sing ora dikunci. Totje mlaku paling mburi, sing nang ngarep dewek yaiku Jaan lan sing kepindo Sonia. Nalika lagi mlaku Totje nabrak Sonia sing nang ngarepe tiba mergane peteng. Jaan mlaku ninggali Sonia lan Totje. Ora suwe Jaan wis ora katon wujude lunga ndisiti. Nalika Sonia karo Totje nggoleti lungane Jaan, malah Jaan ijig-ijig mlayu marani Sonia lan Totje karo keweden merga deweke diwedeni dhemit sing matane amba saka lawang gedhong setan lan lawange ora bisa dibukak. Totje ora percaya, malah ngira kuwi akal-akalane Jaan kanggo medeni deweke. Totje tetep mlaku lah mbukak lawang sing mau jare Jaan ora bisa di bukak, tapi nang Totje bisa dibukak. Awale Totje weruh mau lawange mengo lan saiki nutup merga ana sing nutup. Sonia keweden lan njaluk bali marang Totje, tapi Totje ngomong marang Sonia nalika nang gedhong iki ora ana dhemite. Wong telu mau banjur pada mlebu, Totje langsung nyiapake tustel kanggo motret mbok menawa ana dhemit sing nongol langsung dijepret. Totje mlaku terus lan kabeh ruangan dileboni. Nalika Totje lagi muteri ruangan Jaan malah nginum-nginuman keras lan mabok. Totje tetep mlaku karo misine, ora suwe Totje weruh ana andha kanggo marang loteng. Totje manjat marang anak tangga alon-alon, nalika lagi manjat Totje krungu swarane Sonia njerit-njerit, Totje ngira yen kuwe akak-akalane Jaan maneh kanggo nggagalake rencanane Totje. Totje tetep manjat lan Sonia esih njerit-njerit nang lante ngisor, lan si Jaan malah ngguyu cekakakan. Nalika Totje tekan anak tangga sing paling ngisor deweke weruh ana wong wadon disanggul njagong nang cedak tangga. Totje langsung motret wong mau kuwi, banjur Totje nggagapi wong kuwi lan gedihe isih anget pada metu saka wetenge wong kuwi. Totje ngira yen wong kuwi tembe wae mati bunuh diri nag kono, kuwi dudu dhemit. Nalika lagi nggramaki wong wadon kuwi Totje weruh ana sing gerak saka kamar sing nang pojok loteng. Totje langsung marani marang kamar kuwi, nalika lagi mlaku marang kamar mau Totje krungu ana swara jeritane Sonia njaluk tulung merga keweden, Totje bingung arep mudun marani Sonia apa tetep marang kamar sing mau ana sing gerak. Totje krungu swarane Sonia tambah genah marani deweka tapi Totje tetep nglanjutake mlaku marang kamar sing ana nang pojok loteng mau. Nalika Totje mlebu deweke kaget weruh ana sing gemantung nang kamar, Totje langsung motret nganggo tustele, bar iki Totje langsung mlayu marani Sonia nang ngisor. Sonia keweden banget weruh Totje, Totje langsung dithuthuk nganggo sentolop ngasi semaput. Bareng sadar Totje kaget kenangapa deweke ana nang rumah sakit lan dirubung wong akeh. Banjur mamine Totje nyritakake nalika deweke semaput dithuthuk nganggo sentolop nang Sonia. Sonia nuthuk Totje mrga deweke trauma dikira Toje kuwi Jaan. Amarga nalika wengi kuwi Sonia njerit-njerit merga arep diperkosa nang Jaan sing wis mabok. Banjur Sonia nuthuk Jaan kanthi mati. Sonia saiki kentir merga kelakuane jaan.

 

1.      Identitas Novel

a.       Judul                     : Spookhuis Gedhong Setan

b.      Penulis                   : Suparta Brata

c.       Penerbit                 : Penerbit NARASI (Anggota IKAPI)

Perum Tambak Mas No.77 DK II, Sumberan Yogyakarta 55182

d.      Tahun Terbit          : Cetakan Pertama 2010

e.       ISBN                     : ISBN (10)979-168-251-8

ISBN (13)978-979-168-251-0

f.       Dimensi                 : 14,5 X 20,5 cm

g.      Jenis Kertas           : HVS

3.      Unsure Intrinsik Novel

 

a.       Tema : nepati janjine marang kanca-kancane mlebu marang gedhong setan lan arep mbuktikake yan gedhong kuwi langka setane.

 

b.      Latar balakang : novel iki nyritakake jamane cah sekolah SMA nalika nyritakake gedhong sing terkenal angker. Novel iki isine horor nanging uga ana saru-sarune.

 

c.       Waktu :

1.      Nalika sore (pas siap-siap arep marang gedhong setan)

2.      Malem jemuwah kliwon (nalika marang gedhong setan)

3.      Nang sekolahan (nalika Totje ditantang marang Gedhong Setan)

4.      Nang tempat debat (Totje dadi bahan omongan merga nekad marang gehong setan)

5.      Nang gedhong setan wayah malem jemuwah kliwon

6.      Nang kamar (nalika Totje lagi latiahan motret nganggo tustel)

 

d.      Suasana :

1.      Udan wayah sore malem jemuwah kliwon

2.      Heboh nalika Totje latihan motret pas nang kamare

3.      Menegangkan nalika perjalanan nang gedhong setan lan nang gedhong setane

4.      Rame nalika Sonia njerit-njerit nang njero gedhong setan

5.      Keharuan nalika Totje nang rumah sakit dirubung wong akeh

 

e.       Alur : alur sing dinggo yaiku alur campuran ana maju ana mundur

 

f.       Gaya Bahasa : akeh nganggo majas-majas

 

 

g.      Amanat : aja gampang percaya omongane wong sing urung mesti benere. Angger ngomong dibuktekake disit bene apa orane.

 

h.      Penokohan :

1.      Sidharta/ Totje :  tokoh utama

Wateke keras kepala, nekad, jahat juga nalika marang Sonia

2.      Mami :  ibune Totje

Wateke eman marang anak, penyayang, ramah marang wong

3.      Sonia :  kanca sekolahe Totje sing ngancani marang gedhong setan

Wateke penakut, manja, ngrepoti wong

4.      Jaan :  kanca sekolahe Totje sing nawarake arep ngancani marang gedhong setan

Wateke jahat, kasar, licik

5.       Sopir dokar :  wong sing ngeterake Totje, Sonia, lan Jaan

Wateke wedian

6.       Hendriks de Zwarver : kanca sekolahe Totje

Wateke tukang nglombo, sok tau

7.      Bram de Jong :  kancane  Totje

Wateke nglomboni, sok tau

8.      Karel Hoekhyus :  kanca sebangkune Totje

Wateke apik nanging penakut

9.      Martin Steendam :  kanca sekolahe Totje sing nyelangi kamera toestel 

Wateke apik merga nyilihi kamera, lan penakut

10.  Polisi :  penegak hukum sing mbantu misine Totje

Wateke penolong

11.  Laki-laki Jepang :  wong sing mata-matani sekang Jepang sing umpetan neng gedhong setan

Wateke jahat, pengecut

12.   Perempuan Jepang :  mata-mata sekang Jepang sing umpetan nang gedung setan

Padha karo lelaki Jepang jahat lan pengecut. Nekad juga merga wedi kewenangan deweke bunuh diri

 

i.        Sudut Pandang

Sudurt pandang sing dinggo nang novel Spookhuis Gedhong Setan yaiku sudut pandang akuan.

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sejarah Adipala

       Konon ceritanya bahwa Keraton Surakarta yang dibawah Raja Susuhunan Amangkurat 2 yang wilayah Kerajaannya sampai di daerah kita.Tanah daratan pada waktu itu masih ditumbuhi pohon dan rumput semak belukar sehingga manusia makannya bermacam macam buah buahan dan tanaman ubi ubian apa saja yang bisa dimakan.Maka munculah pemikiran dari sang Raja untuk menanam pohon kelapa yang bisa dimanfaatkan untuk bikin rumah dan buah kelapanya bisa dimanfaatkan untuk santan dan minyak buat campuran masakan,maka memanggil seorang punggawa kerajaan agar memerintahkan rakyatnya sepanjang pantai selatan dari Kraton Surakarta Sampai ke wilayah Kadipaten Adireja. Yang pada waktu itu dibatasi dengan musim tanan yang terbatas ( menjelang musim penghujan ). .      Sang utusan kerajaan dalam rangka pengadaan perintah ke rakyatnya memakan waktu yang terlalu lama sehingga sampainya ke daerah Kadipaten Adireja sudah mepet waktu penghujan. Karena diperkirakan waktu yang mepe...

Asal Usul Kuta Salatiga

Biyen, Semarang iku kalebu wilayahe Kasultanan Demak. Daerah iki dikuasai dening Bupati kang jenenge Ki Ageng Pandanaran. Ki Ageng Pandanaran iku Bupati kang ditaati rakyate. Ki Ageng uga wibawa, lan kaya raya.    Nanging, suwe-suwe hartane Ki Ageng digunakake nggo awake dhewe lan ora medulikna rakyate. Sunan Kalijaga sing nasehati Sultan Demak duwe maksud ngingetaken sang Bupati. Nganggo sandang sing bedah, beliau nyamar dadi tukang adol suket. Beliau nawaraken dagangane meng ki Ageng. Ki Ageng arep tuku suket kuwe, asal didol murah, ning Sunan Kalijaga ra gelem.    Sidane, ki Ageng nesu lan ngusir Sunan Kalijaga. Sakdurunge lunga, Sunan Kalijaga ngendika, bahwa kae isa nunjukaken cara ben ulih harta kang gampang, terus Sunan Kalijaga nyilih pacul lan macul nang ngarepe ki Ageng. Terus kaget ndelengna emas sendas kebo. Ki Ageng terus nggatekaken tukang adol suket kuwe kanthi saksama. Sakwise ngerti sing sebenere ki Ageng kaget. Terus njaluk ngapura, beliau sedia...

Telaga Warna

Ana salah sawijining penduduk Wonosobo kang paham anane legenda kang bisa dipercaya penduduk ing kutha Dieng, nuturna yen “Dieng asale saka bahasa Jawa yaiku dhi kang artine gunung lan nyang sing artine para dewa-dewi. Dadi Dieng yaiku gunung papan panggonane para dewa-dewi. Saliyane iku uga ana akeh candi peninggalan agama Hindu antarane ana candi Arjuna, candi Srikandi, candi Puntadewa, candi Sembadra, lan candi Semar. Saka hasil penelitian ahli sejarah kelompok candi Arjuna dibangun kira-kira pas pertengahan abad ke-8. Ora adoh saka kawasan candi Arjuna uga ana telaga warna lan kawah Sikidang. Miturut cerita telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening amarga kena sorot sumunare srengenge yaiku telaga sing digawe pangeran calon mantu kanggo sang ratu. Rikala kuwi ana loro calon pangeran sing arep diangkat dadi mantune. Mula dibuka sayembara kanggo syarat supaya salah sijine bisa oleh sang ratu, syarate yaiku adu cepet nggawe telaga. Salah siji pangeran bakal dadi pemenange...