Aku Aldo, bocah asli Jawa sing uripe wis cukup nggo nyukupi kebutuhan saben dina. Umurku 23 tahun sing seneng dolanan fb utawa ning Jawa buku rai. Umahku nang Cilacap, kota kang lumayan maju ing pesisir kidul Jawa. Bapak lan Ibuku agi nang Jakarta lan Aku dhewekan nang kene. Aku mbene lulus universitas lan pengin nggolet pegawean kang apik lan halal. Dina siki dina Senin, cuaca kang radha mendung nyambut Aku nang ndalan. Aku kudu cepet-cepet meng tempat kang dituju nggo niliki Aku wis ketrima apa urung. Sedurunge Aku telat mangkat sebab krainan. Setibane getul, Aku langsung mlayu lan ora sengaja nubruk wong wadon. “Ngapunten mba, mba mboten nopo-nopo”, Omongku gugup. Lan Aku ngrewangi tanting wong wadon mau. Aku mandangi wong wadon mau lan gumam teng ati “ putihe wong kiye, kaya bule” . Ora krasa suwe, wong wadon mau dadah-dadah nang ngarep raiku. Aku dadi kaget. “Mas, mas sae-sae kemawon?”, pitakone wong wadon mau. Terus Aku njawab, “Nggih, kulo sa...
Halo, De Plaats Van Geslagen